Pênthol Bakar











>> YOUR LINK HERE: ___ http://youtube.com/watch?v=Ye3UAel1clU

Ing lingiring mangsa kêtiga lumêbu mangsa udan isih akèh wit jambu mé(n)té kang awoh. Saking ndadiné, woh-woh jambu mé(n)té ora diopèni déning sing duwé, apamanèh wit jambu mé(n)té kang manggon ing (kê)bon suwung: ora ana kang nduwèni; sing duwé wis tilar donya, omahé utawa kêboné ora kaurus manèh. Gandhèng klêbu palakirna, jambu mé(n)té rata-rata bisa tuwa umuré lan isih awoh akèh. Dagingé lêgi sêmu kêcut sêmu sêpêt, marai sêrak ing gurung. Warata, daging jambu mé(n)té didayakaké kanggo gawé olahan rujak gêjrot (kacampur dhong katès, téla kaspa ênom; kabumbonan bumbu sambêl bawang-lotis; kagêjrot-katutu ing lumpang-alu; banyuné kanggo tamba wêtêng). Déné pêntholé, utawa wijiné (mungguh ing sajabaning daging; mèmpêr wêwujudan sirah/êndhas tumrap badané/dagingé), wrata déning para amongtani kaolah dadi pênthol utawa mé(n)té gorèng. • Gilok-gilok ya kabakar. • Ésuk-ésuk dêruk pênthol ing kêbonan ngarêp omah. Éntuk sêbèsèk. Sing kagungan kêbon papan mungguhé jambu mé(n)té: Mbah Dinah, wis swargi. Pomahan (tilas omah). Wit jambu mé(n)téné bên taun awoh ndadi. Diopèki saksapaa sing gêlêm, tangga-têparo, sing ngêrsakké. Pênthol-pênthol ting sêbar ing ngisoré. • Pênthol banjur kagawa lumêbu pawon. Ngêpasi simbok dadèn gêni, urubé mulad gêdhé, pênthol sagêgêman tangan kabyukaké ing gênèn. Ra lêt suwé pêntholé kobong, nggon kulité, jas-jos nyas-nyos swarané. Pênthol kawolak-walik supaya kobongé wrata, matêngé ya wrata. Anggêr urubé gêni ska kulit pênthol wiwit cilik, iku têngêr yèn pêntholé matêng. Yèn prêlu urubé gêni diêndhêgké. • Tatacara ngoncèki pênthol bakar: dithuthuki utawa dipukuli nganggo gandhèn, utawa barang abot liyané. Pênthol diadêgaké, banjur dithuthuki alon-alon. Kulit pênthol sing gosong bisa kabukak, isine kari njukuk, bisa langsung kapangan/kaêmplok utawa kailangi kulit-ariné luwih dhisik. • Yèn pambakaré durung pati matêng, isi pêntholé sêmu gatêl. Déné yèn kêgosongên/kêmatêngên, isi pêntholé sêmu pait. • Loro-loroné: manis-gurihé isih krasa. • Rah-hayu! • #penthol #pentholbakar #derukpenthol #opekjambumente #mbakarpenthol #bakaranpenthol #pentholbakar #jambumete #jambumente #bebakaran #kulinergunungkidul #palakirna #gastronomi

#############################









Content Report
Youtor.org / YTube video Downloader © 2025

created by www.youtor.org